Sabtu, 13 Februari 2010

Sugeng ValenTine Yo....!!!

Wah...Sakmenika sampun tanggal 14 Februari...wekdalipun Valentine...
heeeeeeee
Kagem sedoyo kulo ngaturaken sugeng valentine...........
mugi2 sedanthen padha bungah atine lan nebar katresnan kagem sedoyonipun....
aminnnnnnnnn!!!! Baca selengkapnya Dongeng Boso Jowo: 2010

Selasa, 09 Februari 2010

Cinderella

Ing sawijineng kerajaan, wonten bocah wadon kang elok parase lan becik atine. Deweke mau urip sareng biyung lan kakang-kakang tirine, amargo wong tuane sampun sedo. Ing griya kasebut deweke terus di dawuhi makaryo beresi gawean kang wonten ing griya. Deweke sabendina di dukani lan di paring mangan naming kaping pisan saben dinane. Kakang-kakange kang olo atine wau nimbali “Cinderella”. Cinderella kang artine bocah wadon kang reget. “ Asma kui pancen pantes kaggo koe!’ ngendika kakang-kakange.

Sawise pirang dino, wonten pengawal kerajaan kang nyebarke serat ulem pesta ing istana. Kabeh wargo dipun diundang. “Asyik….awake dewe arep tindak menyang istana lan dandan kang ayu. Menawi kulo dados putrid raja, biyung musti bungah atine”, ngendikane. Dinten kang ditunggu sampun dugi, kakang tirine Cinderella miwiti dandan karo bungah atine. Cinderella susah sanget amargi mboten angsal tumut kaliyan kakang-kakange ten pesta istana mau. “ Klambi wae sampeyan mboten gadah, nopo sampeyan badhe tindak wonten istana ngengge Klambi koyo kuwi?”, ngendika kakange Cinderella.

Sawise kabeh sampun padha budal tindak Istana, Cinderella banjr bali wonten bilikipun. Deweke banjur nangis kang kenceng sanget amargi atine kang kesel sanget. “ kulo mboten saget tindhak wonten istana amargi klambi kulo reget, nanging kulo pengen tindak…..” Mboten dangu wekdalipun krungu sawijineng suara. “ Cinderella, wes ampun nangis ngonten niku.” Nalika Cinderella noleh, deweke banjur mersani sawijining peri. Peri munika banjur mesem. “Cinderella gawakno kewan tikus sekawan lan kadal kaleh cacahe. “ Sawise kabeh mau dipun kumpulke kaleh Cinderella, Peri gowo kewan-kewan mau ten kebon labu wonten wingking griya. “simsalabim!”kaliyan nebar sihire, banjur ono kadadeyan kang aneh”istimewa”. Tikus-tikus mau dadi jaran, lan kadal-kadal mau banjur dadi tiyang. Ingkang pundatan, Cinderella dados putrid kang elok parase, lan ngagem Busana kang becik sanget.

Amargi saking bungahe, Cinderella joget muter-muter karo sepatu kacane koyo kupu-kupu. Peri ngendika, “ Cinderella, Pengaruh sihir iki badhe ilang sawise jam kalehwelas dalu. Amargi kuwi, Baliyo saderenge tengah wengi.”inggih, wangsule Cinderella. Kreta jaran emas banjur langsung mangkat wonten istana. Nalika mlebet, sedanten tiyang ing jero istana mau padha ningali Cinderella. Sedanthen kesemsem dumatheng Cinderella kang elok. “ elok pisan putri menika! Putrid saking pundhi ?” tanglet kabeh poro tamu ing jero istana. Akhire Pangeran banjur nyamperi Cinderella.”Putri kang elok, Sudikah kiranya putri jejogetan kaleh kulo?” ngendikane. “ inggih…., “ ngendikane Cinderella kaliyan maringke tangane lan mesem. Pangeran lan Cinderella banjur jejogetan. Biyung lan kakang-kakang tirine Cinderella seng wonten jero istana menika mboten nyangka menawi Putri kang elok parase menika mboten liya Cinderella.

Pangeran terus jejogetan kaliyan Cinderella.”Tiyang koyo sampeyan niki ingkang kula kasemsemake,” ngendikane Pangeran. Amargi saking bungahe, Cinderella sampe kesupen kaliyan wekdalipun. Wekdal sampun tengah dalu.” Pangapunten Pangeran, kulo kudu wangsul sak menika…,”. Cinderella banjur mlayu ninggalke pesta ing istana. Wonten tangah dalan, sepatune ucul sebelah, nanging Cinderella mboten gatek’aken, deweke nekat mlayu. Pangeran nguber Cinderella nanging cilakane mboten ketemu kaliyan Cinderella, Pangeran namun nemok’ake sepatu kacane Cinderella. Sakwise pangeran nemu sepatu kolowau, pangeran banjur janji nek dewek’e arep madhosi putrid kang anggadahi sepatu kaca seng sebelahipun mbanjur di dadose garwonipun.

Dinten sak lajengipun, para pengawal ingkang diutus pangeran tindak wonten griya-griya para wargane ingkang anggadah putri kang due maksud madose putrid kang anggadahi sepatu kaca punika. Akhiripun para pengawal wau dugi wnten griyane Cinderella,.”Kulo madosi putri kang sikile cocok kaliyan sepatu punika,” ngendika pengawal. Kakang-kakange Cinderella nyobo sepatu kuwi, nanging sikile pado gegeden. Kakang-kakange Cinderella mekso sikile di lebok’ake neng sepatu kaca ampe tatu. Ing wekdal iku, pengawal mersani Cinderella.”hae…koe, cobo sepatu kaca iki,” ngendikane. Biyung lan kakang-kakang tirine banjur nesu, “mboten mbade cocok sepatu iku karo Cinderella!”. Cinderella langsung julurke sikile. Akhire sepatu kasebut pancen cocok marang sikile Cinderella.”Ah! Kowe putrid iku,” tandas pengawale pangeran.”Cinderella, selamet…,” Cinderella noleh ten wingking, peri sampun ngadek ten wingkingipun.”wiwit sakmenika uripo seng seneng kaliyan pangeran. Sim salabim!,” ngendikane.

Sak wise peri maos mantranipun, Cinderella dados putrid kang nganggo klambi pengantin. Cinderella di derekaken kaliyan tikus-tikus lan manuk seng dados rencangipun. Sak wise Cinderella dugi wonten istana, pangeran nyambut karo mesem saking bungahe. Akhire…Cinderella rabi lan dados garwane Pangeran.

Putri Cinderella kang elok parase lan becik atine wau ora due dendam kaliyan biyung lan kakang-kakang tirine, malah podo di ampuni lan di ajak ing istana. Pangeran Lan Putri Cinderella akhire, Urip mulyo……………
Baca selengkapnya Dongeng Boso Jowo: 2010

Pangeran Samudro

Legenda Gunung Kemukus utawa Legenda Pangeran Samodra iku asale utawa dikenal neng desa Pendem, Kecamatan Sumberlawang, kabupaten Sragen, 26 kilometer saka tlatah Surakarta mengidul. Neng Gunung Kemukus iku ana sarean kramate Pangeran Samodra sing saiki papane kanggo obyek wisata neng kabupaten Sragen. Saben malem jum’at pon, kuburan kramat Pangeran Samodra iku ditekani wong akeh saka ngendi-ngendi sing biasane arep nggolek pesugihan.
Sejatine sing diarani Gunung Kemukus iku beda karo gunung-gunung liyane, kayata Gunung Merapi, Gunung Merbabu, lan sakpiturute. Gunung Kemukus iku dhuwure mung 300 meter saka permukaan laut. Dadi sakjane Gunung Kemukus iku mung gunung anakan. Jeneng “Kemukus” iku sejatine saka jeneng wit kemukus, kaya wit ringin, nanging ora nduwe sulur (akar gantung). Godhonge bisa dienggo tamba. Ananging sumber liyane nyebutake yen jeneng “Kemukus” kuwi saka tembung “Kukus”, amarga saka gunung kuwi kerep metu keluk sing asale saka obong-obongan menyan sing dadi sarat wong-wong sing padha njaluk berkah neng makam kramate Pangeran Samodra.
Miturut cerita saka masyarakat, Pangeran Samodra iku putrane Pangeran Kadilangu utawa.Sunan Kalijaga sing gagah, bagus, lan tuture alus, ananging yen diusut lewat sejarah, putrane Sunan Kalijaga iku jenenge Sunan Muria. Mulane legenda iku isih mbingungke..
Nalika semana, Kerajaan Majapahit pecah amarga ana pemberontakan Girindrawardana, priyayi-priyayi lan punggawan-punggawan padha mlayu nyelametake awake dhewe-dhewe. Ana sing lunga neng Gunung Tengger, ana sing nyebrang neng Bali. Pangeran Samodra bingung, arep melu lunga apa pilih tetep neng kono.
“Aja melu-melu para priyayi lan punggawan sing padha pilih nyingkir saka kene Pangeran Samodra. Meluwa aku wae! Aku arep pindhah neng Demak, banjur ngedekke pemerintahan neng kana”, ngendikane Raden Patah.
“Sendika dhawuh Raden”, semaure Pangeran Samodra.
Akhire Pangeran Samodra lan ibu kuwalone, Dewi Ontrowulan pindah Raden Patah neng Demak.
Tekan Demak, Raden Patah sak rombongane nyiapke pemerintahan dinggo nglawan Girindrawardana sing saiki nguwasani Majapahit. Raden Patah banjur nimbali Pangeran Samodra supaya ngadhep.
“Wonten dawuh punapa Raden?”.
“Pangeran Samodra, aku iki lagi nyiapke pemerintahan sing kuwat kanggo nglawan Girindrawardana, mula iku kanggo jaga-jaga lan supaya pemerintahane kuwat, aku pengen nglumpukake para priyayi lan punggawan-punggawan sing padha nyingkir, kocar-kacir ora nggenah. Aku ngutus njenengan supaya nggoleki lan nglumpukke para priyayi-priyayi lan punggawan-punggawan sing padha lunga kuwi, supaya pemerintahanne Demak bisa luwih kuwat nglawan Girindrawardana.
“Sendika dhawuh Raden”.
Tanpa kakeyan mikir, Pangeran Samodra langsung nyanggupi. Bareng wis budal, Pangeran Samodra rada kangelan anggone nggoleki para Punggawan lan priyayi amarga dheweke ora ngerti panggonane wong-wong iku saiki lan ana sing sengojo ndelik amarga ngerti yen lagi digoleki dening Pangeran Samodra.
Bareng suwe olehe Pangeran Samodra nggoleki, akhire neng lereng Gunung Lawu, Pangeran Samodra ketemu karo Raden Gugur. Banjur ketemu Raden Bethara Katong, sing biasane dikenal wong nganggo jeneng Adipati Ponorogo, Adipati Madiun, lan akeh meneh sing akhire gelem balik ndukung Raden Patah.
Neng Demak, Dewi Ontrowulan dadi kangen banget karo anak kuwalone, Pangeran Samodra.
“Pangeran Samodra, kapan sliramu bali neng Demak? Wis suwe anggonmu lunga ngemban tugas, ananging kena apa, tekan saiki sliramu ora bali-bali?”, ngomonge Dewi Ontrowulan nalika dheweke ngalamun neng kamar.
Pangeran Samodra wiwit lara-laranen amarga kekeselen.
“Pangeran Samodra, gandheng panjenengan nembe gerah, punapa mboten luwih sekeco panjenengan kondur kemawon dhateng Demak?”, mature prajurit marang Pangeran Samodra.
Bareng rombongan wis tekan neng dukuh barong, Pangeran Samodra lara meneh.
“Wis ngene wae, gandheng awakku lagi lara, awakku kayane ya ra kuwat, mendhing aku keri neng kene wae. Kowe-kowe padha baliya neng Demak, laporan karo Raden Patah. Karo tulung aturke sembah sungkem kagem kanjeng ibu, Dewi Ontrowulan”. Ngendikane Pangeran Samodra marang prajurit-prajurite.
Nalika prajurit loro mau mangkat lunga neng Demak, larane Pangeran Samudra saya nemen . Pangeran Samodra uwis krasa yen Dheweke wis cedhak karo ajale. Pangeran Samodra paring dawuh marang salah siji prajurite sing isih ngancani dheweke.
“Aku wis bener-bener ra kuwat meneh. Kayake aku arep ditimbali Gusti.Yen mengko wis tekan janjiku, dipundhut dening Gusti, tulung aku kuburen neng gunung anakan Kemukus sing panggone sakulone dukuh Barong iki”, ngendikane Pangeran Samodra.
“Ampun ngendikan kados mekaten, Pangeran…”.
Nalika prajurit loro mau tekan Kerajaan Demak Dewi Ontrowulan sedih, krungu kabar yen anake lara. Banjur dheweke njaluk ijin Raden Patah nyusul Pangeran Samodra neng dukuh Barong.
“Raden patah, dalem nyuwun pamit, badhe nyusul Pangeran Samodra dhateng Dukuh Barong. Dalem sampun kangen sanget Raden”.
“Ya Dewi Ontrowulan, enggal budhalo”.
Dewi Ontrowula cepet-cepet nyusul Pangeran Samodra neng Dukuh Barong. Atine Dewi Ontrowulan remuk banget nalika tekan panggonan sing dituju, Pangeran Samodra wis seda, lagi arep dikubur neng gunung anakan Kemukus. Ontrowulan nyusul rombongan wong sing nggawa mayite Pangeran Samodra karo nangis sesenggukan. Dewi Ontrowulan rumangsa perlu nyuceni awake sadurunge nyedhak mayite Pangeran Samodra, akhire Ontrowulan adus neng tlogo tilase sing dinggo ngaduse mayite Pangeran Samodra. Bareng wis resik, Ontrowulan nyusul Pangeran Samodra, pas Pangeran Samodra arep dilebokake neng jogangan kuburan.
Miturut wong-wong sing padha layat, Dewi Ontrowulan sing nyekseni mayite Pangeran dilebokake neng jogangan kuburan mau ngerti-ngerti ora sadar, seda, lan melu nyemplung neng njero jogangan, dadi siji karo Pangeran Samodra. Akhire Pangeran Samodra lan Dewi Ontrowulan dikubur bareng neng sakjogangan.

kapethik saking: http://dbspurwodadi.blogspot.com/2009/03/cerito-rakyat-versi-boso-jowo.html
Baca selengkapnya Dongeng Boso Jowo: 2010

Merak Lan Kancil

Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.

“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”

Nanging Kancil sajak wingi nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”

Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.

Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil
wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki
wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing
wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu
wis mlumpuk, malah
wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga
wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu
wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.”“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. “
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati, Cil,” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku.“Tulung! Tulung! Tuluuung!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa, Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“Gelem, Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing
wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.

Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing
wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.

kapethik saking : http://jayabaya.wordpress.com/2006/09/08/kancil-lan-merak/#more-91
Baca selengkapnya Dongeng Boso Jowo: 2010